Pencarian

Senin, 24 Oktober 2022


PEMBIASAAN PEMBACAAN RATIBUL HADAD
 

        Pembacaan Ratibul Hadad dilaksanakan Siswa siswi Mts Satu Atap Hidayatul Mubtadi’in Kalitapen kec. Purwojati Kab. Banyumas, sebagai langkah memenuhi kebutuhan rohani, karena rohani juga membutuhkan asupan gizi dan nutrisi agar sehat tenram dan tenang.  Akal sendiri membutuhan asupan makanan berupa  ilmu tanpa ilmu akal tak mampu bekerja dengan maksimal , sama halnya dengan  perut. Perut  yang lapar membutuhkan asupan makanan, jika tidak di isi  Tentu akan berdampak pada fisik menjadi lemah dan tak bertenaga. Demikian Dengan rohani kita harus selalu kita isi dengan gizi nutrisi . Dengan pembiasan pembacaan Ratibul Hadad ini di harapkan mampu mengisi kebutuhan rohani para siswa. Sehingga 

Share:

Logo pondok hidayatul mubtadiin kalitapen

 






Share:

SUMUR KALITAPEN BUATAN WALI

       



 SUMUR KALITAPEN BUATAN WALI 

 Ing desa kalitapen iku mbiyen sak di rawuhi wali asmane wali sjamsidin, rawuhe lan sandangane mawi nganggo kethoprak, tegese nggawa gaman kang di wadahi kethoprak. Ya iku kayu tipis kang di bolongi tengah tengahe kang perlu kanggo madahi gaman kudi utawa benda, kang mawi diselehi tambang, kanggo di jiretaken marang beyekan. Dadi yen di gawa mlaku ganing wonge, monine toprak toprek, mulane diarani ketoprak.  Wali mau gaweni sumur ana ing desa  kalitapen, kaya dene sumur kang di gawe ana ing sa kulone masjid syiaruddin, ana ing kali benda sisih wetan. Lan uga sumur penganten kang ana ing grumbul cibegog, lan liya liyane, kana sale kang gawe iku wali sjamsudin, biasane ora tahu sat. senajana terang lawas banget, amerga olih kramate wali mau, ya kna kanggo apa bae kena, nanging sumur kang ana ing kulon masjid, iku ora kena kanggo, …….. werna werna, namung kenane kanggo nginum blaka

( Diambil dari buku harian kh Ali Mukhlas)   Biografi kHAli Mukhlas

Share:

BIOGRAFI KH. ALI MUKHLAS KALITAPEN

SUMUR KALITAPEN BUATAN WALI                                

                                    BIOGRAFI KH. ALI MUKHLAS KALITAPEN


Sumber diambil dari buku harian  beliau

Bismillahirrohmanirrohim

Kawitane nulis malem jumat kliwon tanggal 4 robiul akhir 1410 hijriah (agustus 03 1989).

Iki buku sejarahe awakku dewek .

NAMA            : KH. Ali Mukhlas

LAHIR             :12 JULI 1916. M

Lahire ana ing kalitapen ya neng grumbul kalitapen sa’ kidule kalibalung sa’wetane dalan kang anjog marang desa kaliwangi - +100 meter tekan wates desa kaliwangi .

 

SEJARAH WEKTU AKU ISIH BAYI

Nalika aku isih umur kurang lewihe 40 ( patang puluh dina ) ana lindu sak’ dina sa’ wengi ambal kaping pitu kang di arani lindu gede, dadi kabeh wonge pada metu saka umahe kewatir kurugan umah, biyunge aku ya melu metu, nanging banget kesusune, olihe metu saka ngumah lan banget wedine biyungku metu saka ngumah gawa bantal di nyana gawa aku nanging mbarang di teliki ko ora gawa bayi nanging malah gawa bantal, ya mestine degdegan banget, mbok nganti aku kurugan umah. Ya mbuh kaya apa rasane sa’ jerone atine, ya Allah ya robbi mugi mugi panjenengan paring wewales sahe dumatheng biyung kula ingkang tansah tresna lan mula sana dumatheng kula awit bayi dumugi umur kurang lewih nem tahun, lan ngasihi lan kersa ngapunten dumatheng biyung wonten ing ngarsa panjenengan ya Allah , allahumma amiin, amiin , amiiin.

IKI SIL SILAHE BIYUNG KU ( Hal 45)

Biyungku Jenengane Karti binti eyang tirta leksana bin ,,,,,,, asal singasari.

Karo eyang abu chasan kang appal quran, sanak karo eyang m sujad ing singasari .. gandul kec karang lewas sanak sanak karo eyang arsa menawi, kang banget telitine ora gelem mangan barang haram, kanti ora kersa dahar iwak gesek, babar pisan, amarga isih ana taine gesek, malah ana kang ngarani waliyullah.

Dene yen merdayoh, kang di dayohi katon utawa weruh, olihe nggoleti banah suguhan, ya eyangku ora gelem mangan, suguhane, yen di suguhi iwak daging ayam, kang ing desa kana, ora anana kang ngelakoni sholat, ya deweke gelem dahar, nanging achiere yen wis lunga, songko kono mbanjur di sogok. Gorokane supaya iwake metu, tegese di wutahaken kewatir mbok nganti dado daging. Ing awake, dadi sholate lan ngibadahe ora di terima. Ana ing ngarsani Allah swt

WAFATE BIYUNG KULA

Dene wafate biyung kula wonten ing tanggal 15 wulan sya’ban tahun 1922, pejah ipun syahid acherat, amargi sakit weteng. Cara djaman rumiyyin dipun nameni glonggongen, namung sakit sa’ dalu lajeng pejah, kula -/+ umur 6 tahun.

Sejarah sawuse biyunge wafat

Sawise biyungku wafat, banjur aku melu marang kakangku kang tua dewek,ya iku djenenge chasan mursidi (ruswan). Dene sa’durunge aku melu kakang, aku ya uwis sekolah S.R. Jaman belanda aku nembe umur -+ 7 tahun. Aku melu sekolah karo mbekayuku jenenge Watiyah. Mbekayuku ora let. Nanging aku di tolak dening ndoro guru, jalaran mesih keciliken. Amarga sjarate kenane sekolah kudu wes tangane di kudungaken marang sirahe kudu wes tekan kupinge, nanging aku ngeyel bae, melu mlebu bae, jalaran aku banget kepengin sekolah, yen aku ora olih sekolah, aku nangis bae. Mulane bapakku mbanjur matur karo ndoro guru supaya di tampa bae, jalaran mboten lumrah banget, mulane penyuwunane bapakku di turuti dening ndoro guru, nanging durung di catet dadi murid resmi, dadi mung kena melu sekolah, alchamdulillah aku banget senenge, amarga ora dilarang sekolah. Mbarang wes sekolah setahun aku di tampa dadi murid resmi, yo iku nalika tahun 23 (1923). Sekolahe isih ana ing umahe uwa kartawijaya sak kidul gili sa’ kulon kali cibalung nang grumbul piyasa desa kalitapen. Mbarang aku wes tamat S.R aku di pilih supaya sekolah marang desa Purwajati karo narka anake uwa kartawijaya, sekolah terwalh cebinl jenenge . nanging panggonane isih ana ing daleme bapak haji , bapake bapak samarja sak wetan gili kang sak iki kanggo kantor camat (ASISTEN) purwojati.

Pada waktu aku sekolah durung ana asisten wedana amarga isih djaman penjajahan belanda. Bareng wes djaman merdeka, purwojati di tetepaken dadi asisten wedana tahun -/+1946 .

Sekolah nang angka loro

Yen miturut jaman merdeka saiki di jenengi sekolah SMP dene sekolah nang SMP naliaka tahun 1927 – 1929 M. yaiku wektu zaman belanda mbangun gili kang anjog menyang kecamatan cilongok. Mbangune nalika -/+ tahun 1927 M. malah aku lan sak koncoku sekolah, mbarang giline wes dadi, wes kena di ambah motor, pada jajal deleng giline kaya apa, amarga ing brug kali tenggulun lagi di resmikaken mawi di hormati di tanggapen wayang golek, goleke dipanggonnaken ana ing sa’wetan brug, cara jaman saiki di jenengi jembatan. Sak wise aku sekolah terus akun lunga mondok ngaji agama islam, marang desa panembangan, marang mbah yai SAJADI ingkang asale wongkang soko parakan onje kabu purwakarta rochima kumullah ta’ala, wanafa’ana bihi wabi ulumihi fi daroaini amiin amiiin amiiin. Lan ngajine jaman kuna mesti kudu sorogan ( tegese sa wise rama kyai maca aken kitabe, nuli murid kudu maca kitabe, durung di elih Utawa durung di tambahi) yen kang di wulang aken durung bisa maca dewek, utawa dereng bisa , mulane nderese dewek kudu bisa temenan amarga kwatir yen ora di tambahi wulangane, yen mengko di kon maca wulangane kang dingin durung bisa. Uluhane bocah bocah kang lagi ngaji ana Ing pondok pesantren rame banget ngawan bengi isuk lan sore, mawi nganggo lagu lagu dandang gula supaya dadi seneng olihe nderes , lan dadi genah bocah sing pinter lan bocah sing bodo, beda yen ngaji bandongan. Ngerungukaken blaka ( iku mesti ora ngerti kang pinter karo kang bodo,)terkadang ana bocah kang ngaji kitab gedhe gedhe nanging yen maca dewek ora bisa. Ya bener pinter iku ora wajib dene wajibe iku mung ngajine, nanging apa salahe yen netepi wajib lan pinter macane, senajane kang ora wajib macane, amarga yen ora pinter macane ya dadi ora bisa mulang marang liyane. Kang durung pinter macane lewih luih ngaji AL-  QURANUL KARIM kang wajib kudu di waca, koyo dene surat alfatihah kang kudu di waca wektu lagi ngelakoni solat ferdu atawa sholat sunah. Lan ora sah yen ora maca surat alfatihah, mulane cara guru guruku kabeh mbiyen iku wajib kudu ngaji sorogan, durung kena ngaji bandungan yen durung bisa ngaji sorogan, amarga yen pancen deweke durung bisa maca dewek kelawan temen, ya dadine mengko akhire olihe mulang macaaken marang liyane ya dadi ora bener. Mongko satruse gurune ora bener  ya dadine muride melu ora bener. Gandeng gandeng nganti dina qiyama Ya dadi kabeh ora bener. Ingmongko guru kang mulang ora bener dosane wong wong kang ora bener dadi tanggungane wongkang mulang ora bener kabeh.

Ulama ulama dingin iku banget ngati ngatine olihe mulang marang muride. Ora kabeh mbanjur embuh bener embuh luput, patokane aku mulang marang wong wongliya supaya olih ganjaran mbesuk dinane qiyamat. Nanging ora eling awake dewek iku sejatine wajib ngaji jalaran isin wong aku iki wes di sebut kyai utawa wong alim ko mesih ngaji marang liyane, mengko dadi namaku ilang ora di gungaken dening masyarakat. naudzubillahi min dzalik.

 Contone kaya kula ngaji safinah bae durung genah wes ngaku dwe maunah di kon ngaji ilmu batin kok malah mbanjur ndinginaken ngilmu bacin utawa dunya kang ora niyat kanggo sanguine acherat ingkang langgeng. Amarga sekang olieh bujuke setan lan hafa nafsu mugo mogo allah paring pitulungan bisoho tobat marene lan ngapura dosane kabeh lakon kang ora bener amin x3.


Share:

Selasa, 18 Oktober 2022

KEAJAIBAN MERAYAKAN MAULID NABI SAW


KEAJAIBAN MERAYAKAN MAULID NABI SAW


         Pada zaman kholifah abdul malik bin Marwan di kota Syam ( sekarang syiria)  ada seorang pemuda tampan, ia suka berkuda ( sekarang pajero) . Pada suatu hari ia di atas punggung kudanya, tiba tiba kudanya berlari dengan kencang dan membawa ke lorong lorong kota Syam. Ia tak mampu untuk mencegahnya, sehingga masuk kejalan menuju pintu kholifah, dan berpapasan dengan putra kholifah. Sang putra kholifahpun tak mampu menghindar dari kuda tersebut sehingga tertabrak dan meninggal dunia. 

Kemudian berita tersebut sampai ketelinga sang kholifah dan meminta agar si pemuda di tangkap dan dibawa ke hadapan sang kholifah. Pada saat pemuda itu menuju ke kholifah dalam hatinya berkata: “ Jika Allah menyelamatkanku dari kejadian ini maka aku membuat walimah dan membacakan mauled nabi saw.” Saat pemuda itu sampai di hadapannya , sang kholifahpun memandangnya sambil tertawa, padahal sebelumnya sangat marah.

 Sang kholifah berkata  : “wahai pemuda apakah engkau pandai bersihir?”Tanya kholifah.  “ Tidak, demi Allah wahai Amirul Mukminin, jawab si pemuda. 

Kholifah : Aku telah memaafkanmu dari qishos tapi katakanlah apa yang kau katakan (dalam hati),?

Pemuda : jika Allah menyelamatkanku dari kejadian ini maka aku akan membuat walimah dan meminta dibacakan maulid Nabi,

Kholifah : Aku telah memaafkanmu dan ini uang 1000 dinar untuk merayakan maulid Nabi .

Engkau telah kubebaskan dari darah anakku (qishos).

Pemuda itupun keluar dari kediaman sang kholifah Mendapat ampunan qishos di kasih uang 1000 dinar, semoga kita diberi pertolongan oleh Allah bisa membaca maulid secara dawaam.. Allahumma sholi a'ala sayyidina Muhammad.... ( di ambil dari kitab ianatut tholibin karya al alim al alamah abi bakr almashur bi sayyyid bakri bin sayyid muhammad satho ad dhimyati. juz 3 hal 415 cetakan darul ashosoh mesir.)

AKIBAT TIDAK BERDIRI SAAT BACA BARZANJI 

        Suatu ketika Sayyid Alawi Al-Maliki menceritakan bahwa orang tuanya yaitu almarhum Sayyid Abbas Al-Maliki, pernah berada di Baitul Maqdis untuk menghadiri peringatan Maulid Nabi pada malam ‘Ied Milad An-Nabawi. Lalu dibacakanlah Maulid Al-Baryzanji di sana. Saat itu, Sayyid Abbas melihat seorang lelaki tua beruban yang berdiri dengan khidmat sepanjang acara Maulid Nabi dengan penuh adab mulai dari awal sampai acara selesai. Ia heran, lalu bertanya padanya mengapa berdiri sedemikian lama sementara usianya sudah tua. Lelaki tua itu bercerita bahwa dulu ia tidak mau berdiri pada acara peringatan Maulid Nabi. Karena Ia yakin peringatan Maulid Nabi merupakan bid’ah sayyi’ah (bid’ah yang buruk). Namun suatu malam ia bermimpi dalam tidurnya. Dia bersama sekelompok orang yang bersiap-siap menunggu kedatangan Nabi Muhammad SAW. Saat cahaya wajah Nabi Muhammad laksana bulan purnama ( badru muhayyah) itu muncul, sekelompok orang itu bangkit dengan berdiri menyambut kehadiran Rasulullah SAW. Sungguh tak disangka, ia tiba-tiba tidak mampu bangkit, . Hanya dia tok , laluRasullullah SAW lalu bersabda kepadanya, “Kamu tidak akan bisa berdiri.”

Ia kemudian bangun dari tidurnya. Betapa sedihnya hatinya, ternyata ia bangun tidur dalam keadaan duduk dan lumpuh, tak mampu berdiri. Berbulan-bulan ia menderita.

kemudian ia bernazar jika Allah menyembuhkan sakitnya ini, ia akan berdiri mulai awal pembacaan Maulid Nabi sampai akhir bacaan.

Sebuah keajaiban, tak berapa lama kemudian Allah menyembuhkannya. Maka ia pun selalu berdiri mulai awal pembacaan Maulid Nabi sampai akhir bacaan untuk memenuhi nazarnya karena mengagungkan Rasulullah Saw.

Kisah ini bersumber pada Kitab Al-Hadyut taamm fii Mawaaridil Maulidinnabawiyyi Wa Maa I’tiida Fiihi Minal Qiyaam karya Sayyid Muhammad Ali bin Husein Al-Maliki Al-Makki (1287 H – 1367 H).

Share:

Do'a Melahirkan Agar Lancar menurut Syech Sulaiman bin Muhammad bin Umar Al-Bujairami

  Pengalaman melahirkan adalah momen yang penuh keajaiban dan kebahagiaan bagi setiap ibu. Namun, bagi beberapa wanita, proses melahirkan ju...